Selasa, 22 Februari 2011

PARTIKEL BASA JAWA ING DONGENG “BOCAH SAKA DHADHAPAN” DENING DHANU PRIYO PRABOWO





Partikel Basa Jawa iku akeh wujude, kayata  preposisi, konjungsi, artikel, lan partikel afektif  (D. Edi Subroto, Soenardji, Sugiri 1991: 43). Miturut Anton M. Moeliono(1998:247), partikel yaiku kata tugas yang dilekatkan pada kata yang mendahuluinya.
Partikel basa Jawa lumarahe akeh digunakake ing karya sastra Jawa, kaya dene ana ing crita rakyat. Crita Rakyat iku salah siji bentuk karya sastra awujud prosa utawa gancaran. Crita rakyat iki umume kegolong jinis mithe sing isine crita tokoh dewa utawa setengah dewa, kaya-kaya kedaden ing wektu biyen lan “ing donya liya”. Crita rakyat iku sastra tutur sing dicritakake kanthi lisan, turun temurun ing masarakat, mulane crita rakyat iku biasane banjur akeh versi utawa gagrage. Crita rakyat mujudake sawijining crita prosa lawas kang urip ing masyarakat sing asale saka sawijining dhaerah lan dhuweni watak dhaerahisme. Crita rakyat uga kasebut dongeng amarga anggone nyebarake sarana turun-temurun saka critane mbahe menyang anak putune kang dicritakake nalika turu. Dongeng ndhuweni watak anonim, amarga ora ana jeneng pangriptane. Ing jaman biyen dongeng digunakake minangka sarana penglipur lan pendidikan moral kang sinamun ing crita.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar